Esuk-esuk srengengene lagi metu, sibu
Nyuwun pangestu kang putra badhe sinau, sibu

Nyangking etas ing jerone isi sabak, bapak
Gerip lan sada wis jumepak ana kothak bapak

Awan-awan srengengene ana tengah, si 'mbah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah, si 'mbah

Sore-sore lampune dhimunculake, budhe
Wis wayahe bocah-bocah pada sinau budhe